Gara-gara Kenalan Lewat Fesbook - Paijo Painem
Pajo Painem Gara-gara KENALAN LEWAT Facebook,
Sore iku Paijo lagi numpak sepeda motor, nggoleki omahe Painem, kenalan anyar oleh soko pesbuk.. Rumongso kesasar, Paijo langsung mbukak pesbuk.. terus inbox-an nang akune FB Painem..
Baca Juga
Paijo : "Halo Yang Nem.. aku wis tekan daerahmu iki.. Terus mlebu gang sing endi..?"
Painem : "Sing enek gapurane Mas, terus sampeyan lurus kiro-kiro 25meter ono omah gedong tingkat apik, warnane biru, mobile akeh.."
Paijo : "Siap..! aku wis teko kono.. iki omahmu to Nem..?"
Painem : "Dudu Mas sampeyan belok kanan kiro-kiro 10meter ono lapangan badminton.. Lha sebelahe lapangan iku.."
Paijo : "Pasti iku omahmu yo Nem..?"
Painem : "Iku omahe tukang jahit Mas.. Lurus ae mengko mari jembatan ketemu omah, ono tulisane ISI ULANG PULSA lha iku.."
Paijo : "Mesti iku omahmu khan..?"
Painem : "Iku jenenge konter hp, Mas.. sampeyan belok kanan ae, terus ketemu kuburan.. lha ngarepe kuburan iku.."
Paijo (wis arep ngamuk) : "Omahmu Nem..?"
Painem : "Iku gerbang kuburan Mas.. sampeyan ojo mlebu.. sampeyan belok kiri ae, mengko weruh peternakan bebek gede iku.."
Paijo (kudu ngamuk temenan) : "Aaarggh..! Iku omahmu tho..?"
Painem : "Aku dudu bebek Mas.. iku isih lurus terus....mengko ketemu alas.. ikuu.."
Paijo (wes anyel) : "Iku omahmu Neeem...???!!!!!!"
Painem : "Aku dudu monyet Mas.. sampeyan lewat alas lurus terus, mengko ketemu masjid.. lha sebelahe masjid iku.."
Paijo (emosi pwuol) : "Nek pisan iki ngomong dudu omahmu.. tak santet temenan awakmu Nem..!!!"
Painem : "hehehe.. sabar Mas, dadi wong kok ngamuk-an.. yo iku omahku.. wis ketemu durung Mas..?"
Paijo (lego campur lemes) : "Iyo.. aku wis nang ngarep omahmu iki.. asyeem yo Ayang Painem.. gawe pegele awakku.. Awas mari ngene, ketemu tak jiwiti sampeyan..hehehe.."
Painem : "Yo wis.. mlebu ae.. Ono emakku neng njero omah kok, Mas.."
Paijo : "Lho kok malah emakmu sing dikongkon nemoni??? Lha awakmu nang endi Nem..???"
Painem : "Aku wis suwi nang Hongkong dadi TKW Mas.."
Paijo langsung ndlosor nang suket kejet-kejet stroke'e kumat stadium
Cerito Oleh Teko Konco Pacebook
http://eketawa.com/cerita-lucu-pedagang-glodok-dan-pacar-anaknya/
0 Response to "Gara-gara Kenalan Lewat Fesbook - Paijo Painem"
Posting Komentar